11 Juli 2008

Panembrama 17-Agustus-an

Kapethik Saking Serat UMBUL DONGA

Bawa Sekar Ageng RETNA MULYA – P7

Lampah 12, Pedotan 4,8, Gatra : 4,

BAWA :

Sukeng driya, kadya manggih retno mulya pan mahargya kamardikan Indonesia, karya cihna bektining maring praja, panjampuwa pinuji tansah widada.

Dhawah gendhing ladrang Sriwidada laras Pelog Barang.

1. Sumeblak sinar sumunu, parandéné sor tan timbang, lawan lawéning suwarni, kumaraning Nusantara, mangambar kongas ngebèki. (dipun selani senggakan Sriwidada)

2. Rug horeg pahargyan gung, kamardikan lumastari, praptèng mangkya Indonesia, luwar saking drajat abdi, kajajah bangsa Walonda, tigang atus seket warsi.

3. Tambah kawan tengah tahun, jinajah bebaya kuning, yaiku déning bangsa Jepang, sengsarané saya mencit, temah pepuntoning ing tékad, nedya mangun repolosi.

4. Nempuh mbyat lumawan pupuh, ciptèng driya anderpati, amangsah kaum panjajah, tan kétang kèhing pepati.,suraning driya kabuka, satemah manggih haryanti.

5. Indonesia dadya agung, bebas bebaya binasmi, kuncara sajagad raya, merdika madeg pribadi, pinahargya sasat srana, sasat suminar tiniti.


Senggakan:

Kawi lima (panca) putra priya Dahyang Durna (Aswatama), Pancasila dhasaring praja utama, tindak madya (kendho) kanthining nganten wanita (pengarih Indonesia) murih agung santosa lawan raharjo (yen siang kasantunana, surya nelahi) (Pethikan : Sendhon Langen Swara anggitanipun Bp. Sastrosuharto).

16 Juni 2008

POCUNG Tanggap Warsa

  1. Sekar Pocung ora nembang ora ngidung, muhung ura-ura, nuruti krenteging ati, tak gegadhang wèh regenging pasamuwan /
  2. Inyonk Dépok radiyo Jawa satuhu , angayemi jiwa, kang urip nglembara iki, kangen désa saha adoh kulawarga /
  3. Para kanca pramucara ingkang tuhu, nuntuni acara, seni Jawa ingkang èdi, tak sesuwun dadi paraga budaya /
  4. Pra miyarsa uga aja padha wuru, ngregengké swasana, dimèn bisa amimbuhi, tetepungan alus asri tatakrama /
  5. Pra sutresna dadiya pangarsa tuhu, tansah mbudidaya, mrih bisa tuwuh lestari, seni Jawa bisa tansah angrembaka /
  6. Nadyan cupet pengalaman lawan kawruh, te­tepa nggegana, dimèn urip ora sepi, sanjan-sanjan liwat wicara lan tembang /
  7. Pancèn ana yèn micara ngalor ngidul, wasis angrumpaka, ukara kang ndudut ati, samu­barang rinoncé dadi carita /
  8. Ana uga pinter nembang lawan ngidung, tan akèh wicara, nadyan swara arum yekti, liwat lagu caos salam ngudhar rasa /
  9. Akèh ingkang amung nyemak lawan ngrungu, es-em-es menawa, lamun pinikir wigati, kang dèn pamrih bisa sesambungan kan­ca /
  10. Malah ana tan nggegana uga lagu, nanging mara wisma, amangun silatur-rahim, sepi pamrih ramé gawé lan memitran /
  11. Ingkang perlu aja pada gawé rengu, tumrap pasrawungan, aja cengkah lawan drengki, rukun iku bisa agawé santosa ///

MEGATRUH Tanggap Warsa

  1. Singkirana pangucap kang datan mungguh, anèng rasa klayan pikir, diulur datan ketemu, diundha datan ketara, amung tansah gawé gawok - - -
  2. Yèn micara papakna ana rowangmu, dhuwur sagaduking pikir, alus sak meneping kalbu, amba sak jembaring rasa, aja ngliwati we­wengkon - - -
  3. Sesambungan ora mung sarana tutur, ang­ru­ngu lan sung wigati, mangerti kareping batur, mayar angroncé ukara, gampang tinampi sa­kloron ---
  4. Ywa taberi maido tembung nèng ayun, métani marang kang sisip, nggolèki barang kang luput, bakal nyumpet mring pepadhang, la­mun ngendhak gunaning wong ---
  5. Pancèn béda anggoné mikir wong iku, béda carané mikir, kang dén rungu lan dinulu, kang tinarka lan rinasa, gumantung kang dèn ang­gep wos ---
  6. Luwih becik bener becik kang dèn luru, samubarang migunani, tan nyawang sapa wong iku, ingkang sampun asung pirsa, yekti wus nuhoni Manon ---
  7. Sak terusé énggal paringa pisungsung, tembung bener laku manis, saniskara kang satuhu, karya marem énak ing tyas, budi dayanen sayektos.

PANGKUR Tanggap Warsa

  1. Sekar Pangkur kang ginita, anengeri sesra­wungan kang èdi, binudi bisané akur, temu tepung lan sanja, ing gegana liwat swara lan ketemu, tansah wimbuha raharja, rina tume­ka­ning ratri /
  2. Ing ngarsa asung tuladha, tyas jatmika solah bawa ngénaki, ngandika alus kaprungu, ruruh mentes prasaja, andhap asor tepa slira dadi laku, bener becik kang dèn gulang¸ dadiya tepa palupi /
  3. Ing madya amangun karsa, mbudidaya amrih bisa netepi, budi pekerti kang luhur, miwah laku utama, kaleksanan kabèh gegayuhan lu­hur, ginulang sadina-dina, nora kemba ngulir budi /
  4. Mapan wingking uga bisa, asung daya mring kang ginayuh sami, nadyan amung atut pung­kur, tetep nambah santosa, nindakaké pakar­yan kaya ing ngayun, marsudi kabèh si­ne­dya, bisané rampung dumadi /
  5. Kabèh mau dadi srana, kasampurnan urip donya lan akhir, lahir uga batinipun, sangu sowan pangéran, kanthi srana pakarti lan laku luhur, déné wohing kabecikan, mring bebrayan migunani ////

DURMA Tanggap Warsa

  1. Dèn pepetri manungsa asalé padha, saka badan sawiji, iya Nabi Adam, kinancan Siti Hawa, nurunké jalma sabumi, manéka warna, basa bangsa saiki /
  2. Kang mangkono manungsa tan amung kanca, tunggil kluwarga yekti, kalamun rinasa, pindha badan sapala , lamun sikil nandhang sakit, pérangan liya, mèlu karasa kanin /
  3. Kekadangan ingkang kudu digegulang, dhe­ha­sar welas asih, tresna ing sasama, tan mawas ing kahanan, sumarah karsa ilaahi, netepi kodrat, tata urip nèng bumi /
  4. Béda basa liya cara mung akarya, ganepé sangu urip, amrih bisa padha, ngerti manéka warna, piwulang Sang Maha Suci, sastra kang cetha, rowangé kitab suci /
  5. Wigatekna amrih srawung bisa lana, aja lumuh ngrasani, nyacat mring sasama, ngina priya wanita, pan kabèh durung udani, sapa sing ngira, cinacat luwih utami /
  6. Singkirana ngengundang jeneng paraban, agawé cuwa ati, tumrap kang diundang, uga aja sujanan, ngreridu tentreming ati, becik prasaja, dimèn kekancan lestari /
  7. Tepa slira mangka sanguning kekancan, patrapna siyang ratri¸ nganggep jalma liya, kaya badan priyangga, mesthiné bisa tinampi, déning wong liya, yèn sira bisa ugi / / /