16 Juni 2008

DURMA Tanggap Warsa

  1. Dèn pepetri manungsa asalé padha, saka badan sawiji, iya Nabi Adam, kinancan Siti Hawa, nurunké jalma sabumi, manéka warna, basa bangsa saiki /
  2. Kang mangkono manungsa tan amung kanca, tunggil kluwarga yekti, kalamun rinasa, pindha badan sapala , lamun sikil nandhang sakit, pérangan liya, mèlu karasa kanin /
  3. Kekadangan ingkang kudu digegulang, dhe­ha­sar welas asih, tresna ing sasama, tan mawas ing kahanan, sumarah karsa ilaahi, netepi kodrat, tata urip nèng bumi /
  4. Béda basa liya cara mung akarya, ganepé sangu urip, amrih bisa padha, ngerti manéka warna, piwulang Sang Maha Suci, sastra kang cetha, rowangé kitab suci /
  5. Wigatekna amrih srawung bisa lana, aja lumuh ngrasani, nyacat mring sasama, ngina priya wanita, pan kabèh durung udani, sapa sing ngira, cinacat luwih utami /
  6. Singkirana ngengundang jeneng paraban, agawé cuwa ati, tumrap kang diundang, uga aja sujanan, ngreridu tentreming ati, becik prasaja, dimèn kekancan lestari /
  7. Tepa slira mangka sanguning kekancan, patrapna siyang ratri¸ nganggep jalma liya, kaya badan priyangga, mesthiné bisa tinampi, déning wong liya, yèn sira bisa ugi / / /

Tidak ada komentar: