16 Juni 2008

DHANDHANG GULA Tanggap Warsa

  1. Sinarkara sekar Dhandhang Gendhis, ngu­dhar rasa tumrap sesrawungan, Inyonk Dépok radhiyoné, sampun jangkep setahun, angge­gana lawan leladi, nyambung tali memitran, sarta anglelipur, kabar lan kawruh agama, rina wengi kapyarsa kanthi wening, trumrap para miarsa /
  2. Tak sesuwun bisowa lestari, njembaraké seni lan budaya, Jabotabek wewengkoné, antuka panyengkuyung, dulur kabèh kang jembar ati, lantip marang sasmita, warisan leluhur, ba­reng mlaku lan makarya, angleluri anganggo lan amimbuhi, anut lakuning jaman /
  3. Lamun padha anggegana sami , migunakna tatakrama Jawa , selaras lan daérahé, yèn seni Jawa Timur , basa wétan kudu dièsthi, yèn Banyumas acara, iya mesthi kudu, gagrag kulon kang maléla , guyon maton lan wicara kang wigati, empan ginawa papan /
  4. Aywa samar salah muna-muni , nadyan ga­grag Metaram nggegana, Sala apa Sema­rangé, pancèn lagi nyinau, trapsilaning basa lan seni, amrih bisa angrasa, budaya kang alus, miwah penering trapsila, cipta rasa karsa bisa anyawiji, alus manis jatmika ///

Tidak ada komentar: