16 Juni 2008

KINANTHI Tanggap Warsa

  1. KINANTHI temu sadulur , srawung marang kakung putri , datan nolèh drajat pangkat , ora ndulu sugih miskin, uga tuwa lawan mudha , iku sandhanganing urip /
  2. Liwat gegana pinandhu , sesambungan diu­padi, metu lagu ngudhar rasa , keka­dang­an dèn pepetri , silih asih asuh asah , nuju sam­pur­naning urip /
  3. Silih asih tegesipun , nengenké welas lan asih , ngénaki tyasing sasama, jroning pasra­wungan nenggih, sepi pamrih ramé karya, mangun kekadangan yekti /
  4. Silih asah banget perlu, mbudi daya amimbuhi , ngrembakaning samubarang, kawruh lan kabisan nèki, budi laku trusing jiwa, bareng padha dipersudi /
  5. Silih asuh datan kantun , kekadangan dèn jangkepi, kanthi ayom-ingayoman , bareng-bareng amageri, dimèn nora linggar saka, lajer kautaman nguni /
  6. Tak kanthi maring sedyaku, muga nora amung ngimpi, ngleluri budaya Jawa, seni klawan tata krami, miwah uga kekadangan , kabèh iku dadi siji ///

Tidak ada komentar: