16 Juni 2008

GAMBUH Tanggap Warsa

  1. GAMBUH rasa tumuju , cipta karsa nyawiji ing kalbu , dumadiné budaya luhung lan édi , luhung ngemot laku luhur , wewarah suci Hyang Manon /
  2. Adi éndah puniku , medal saking rasa kang wus jumbuh , agal alus lahir batin wus katiti , sinaring rinakit tuhu , cinipta bisané katon /
  3. Gawé sengsem satuhu , seni Jawa ingkang éndah alus , éwon tahun winangun tinambah dadi, sampurna adi lan luhung , kaya kang saiki katon /
  4. Gangsa agawé gumun, ahli seni uga pada ngungun, marang jangkep lan pepaking swaranèki, rong pangkon gamelanipun, laras sléndro lawan pélog /
  5. Kadya purnama samun , swara banyu kum­ricik kaprungu , nyata éndah ayem tentrem milangoni , iku gegambaranipun , lamun mireng uyon-uyon /
  6. Wayang purwa misuwur , sapta muka seni wus kacakup , seni tembang gamelan kela­wan sungging , sastra carita lan tutur, beksa drama datan kawon /
  7. Aywa mung tiru-tiru , seni manca kang saru lan rengu, taberia mbudi rasa seni Jawi , tinggalané pra leluhur , nyata kebak rasa kang wos ///

Tidak ada komentar: