16 Juni 2008

ASMARANDANA Tanggap Warsa


  1. ASMARANDANA piniji , mbabar rasaning duhkita, koncatan jati dhiriné , karoban budaya manca , tanpa bisa dinuwa , praptèng daringan lumurug , anak putu kéntar padha /
  2. Dhuh Gusti Kang Maha Suci , paringa sabar narima , kabèh sadarma linakon , bisané cipta lan rasa , nyawiji lawan karsa , tinuntun kang Maha Agung , sumusup alusing rasa /
  3. Agama kudu pinerdi , dadya tuntunaning gesang , nyawiji karsa Hyang Manon , mangka santo­saning jiwa , déné budaya ika , pranata bebrayan agung , éndah larasing srawungan /
  4. Amangun budaya iki , linambaran kadiwasan , iman ilmu lan amalé , sumarah karsa Pangéran , Kang Ngayomi lan Wikan , mobah mosiking tumuwuh , jroning alam kang gumelar /
  5. Nanging isih ana ugi , panglipur sadina-dina , sinebar radhiyo Inyonk , seni lan budaya Jawa , pranyata isih ana , gamelan wayang kaprungu , langgam Jawa ndudut rasa ///

Tidak ada komentar: