16 Juni 2008

MASKUMAMBANG Tanggap Warsa

  1. KANG KUMAMBANG anut jantraning ngaurip , sumebar ing paran , ngupaya boga sayekti , nyadhong rahmating Pangéran /
  2. Amung badan karsa temen dadi kanthi , lumaku ing dalan , ngluru tètèsing rejeki , sinebar Sang Maha Murah /
  3. Pancèn abot urip ana paran iki , tanpa sanak rowang , sepi sepa tansah kingkin , kabingung sadina-dina /
  4. Apa manèh budaya lan basa Jawi , tangèh ginatosna , urip ana paran iki , Cupet wektu cupet kanca /
  5. Kéntir ngambang budaya saka Si Kaki , mung budaya manca , ngranuhi sa-ari ratri , kang gawé gorèhing rasa /
  6. Sapa bisa nglelipur lan mituturi , aku iki wong apa, yén tan ngerti tatakrami , apa manèh Jawa krama /
  7. Inyonk Dépok tak suwun bisa nuntuni , tuduhna mring sangkan , lawan paraning wong Jawi , agama trusing budaya. ////

Tidak ada komentar: