16 Juni 2008

SINOM Tanggap Warsa

  1. SINOM singit nulya mekar , Inyok Dépok Radhiyo ki, éka warsa kalampahan , kanthi temen lan taberi, nadyan kèh parang curi, tinanggap wantun satuhu, anambah pengala­man , tuwin kadiwasan ugi , mugi-mugi kalek­sanan kang sinedya /
  2. Sinom Nyamat anggegana , uyon-uyon kapiyarsi , nglelipur ati kang cuwa , saking pa­karyan kang titi, Bawa Sinom tumuli, Yèn Ing Tawang ingkang lagu , campur sari acara , Kangmas Kirun kang leladi , pra sutresna nulya imbal pangandika /
  3. Radèn Harya Werkudara , gagrag Banyu­masan nuli , bawa kang andudut rasa , sekar pangkur éndah èdi, parikané éling-éling , nyata lugu kebak gecul , JogLoSemar warata , gagrag tayub datan lali, kabèh seni gawé santosaning rasa /
  4. Jula-Juli Surabaya , kendhang kempul Banyu­wangi , tanduk majeng king Madura , Sri Huning garapan Ngawi , jangkeping asri pèni , Seni Jawa kang misuwur , kaloka sak buwana, éman lamun cures mati , banjur sapa ingkang wajib angrumeksa /
  5. Swuh sirep data pitana , Ki Praptono aleladi, Negara kerta raharja , tata titi tentrem yekti, paramarta lan adil , pralampita kang ginayuh , jroning urip bebrayan , mobah mosiking nagari , baya kapan bakal bisa kasembadan. ////

Tidak ada komentar: