16 Juni 2008

MIJIL Tanggap Warsa

  1. MIJIL SAKING krenteg ati suci , tinuntun Hyang Manon , nJumantara dadi tetaliné , pasrawungan kebak tresna asih , bekti maring Gusti , sumarah satuhu /
  2. INYONK DÉPOK ngabekti Pertiwi , lantaran radhiyo , nyawijekné kabèh sutresnané , nadyan abot kuwajiban yekti , tetep tansah mbudi , kaleksanan nipun /
  3. Linambaran sedya kang utami , bisowa kelakon , urip laras cipta lan rasané , jumbuh marang karsa kang udani , rinegem nyawiji , ing bebrayan agung /
  4. MIJIL NULI srana angleluri , murih saya katon , kaprungu ing rina lan wenginé , Seni Jawa ingkang èdi pèni , kebak wulang becik , saha laku luhur. ///

Tidak ada komentar: