16 Juni 2008

POCUNG Tanggap Warsa

  1. Sekar Pocung ora nembang ora ngidung, muhung ura-ura, nuruti krenteging ati, tak gegadhang wèh regenging pasamuwan /
  2. Inyonk Dépok radiyo Jawa satuhu , angayemi jiwa, kang urip nglembara iki, kangen désa saha adoh kulawarga /
  3. Para kanca pramucara ingkang tuhu, nuntuni acara, seni Jawa ingkang èdi, tak sesuwun dadi paraga budaya /
  4. Pra miyarsa uga aja padha wuru, ngregengké swasana, dimèn bisa amimbuhi, tetepungan alus asri tatakrama /
  5. Pra sutresna dadiya pangarsa tuhu, tansah mbudidaya, mrih bisa tuwuh lestari, seni Jawa bisa tansah angrembaka /
  6. Nadyan cupet pengalaman lawan kawruh, te­tepa nggegana, dimèn urip ora sepi, sanjan-sanjan liwat wicara lan tembang /
  7. Pancèn ana yèn micara ngalor ngidul, wasis angrumpaka, ukara kang ndudut ati, samu­barang rinoncé dadi carita /
  8. Ana uga pinter nembang lawan ngidung, tan akèh wicara, nadyan swara arum yekti, liwat lagu caos salam ngudhar rasa /
  9. Akèh ingkang amung nyemak lawan ngrungu, es-em-es menawa, lamun pinikir wigati, kang dèn pamrih bisa sesambungan kan­ca /
  10. Malah ana tan nggegana uga lagu, nanging mara wisma, amangun silatur-rahim, sepi pamrih ramé gawé lan memitran /
  11. Ingkang perlu aja pada gawé rengu, tumrap pasrawungan, aja cengkah lawan drengki, rukun iku bisa agawé santosa ///

Tidak ada komentar: