11 Juli 2008

Panembrama 17-Agustus-an

Kapethik Saking Serat UMBUL DONGA

Bawa Sekar Ageng RETNA MULYA – P7

Lampah 12, Pedotan 4,8, Gatra : 4,

BAWA :

Sukeng driya, kadya manggih retno mulya pan mahargya kamardikan Indonesia, karya cihna bektining maring praja, panjampuwa pinuji tansah widada.

Dhawah gendhing ladrang Sriwidada laras Pelog Barang.

1. Sumeblak sinar sumunu, parandéné sor tan timbang, lawan lawéning suwarni, kumaraning Nusantara, mangambar kongas ngebèki. (dipun selani senggakan Sriwidada)

2. Rug horeg pahargyan gung, kamardikan lumastari, praptèng mangkya Indonesia, luwar saking drajat abdi, kajajah bangsa Walonda, tigang atus seket warsi.

3. Tambah kawan tengah tahun, jinajah bebaya kuning, yaiku déning bangsa Jepang, sengsarané saya mencit, temah pepuntoning ing tékad, nedya mangun repolosi.

4. Nempuh mbyat lumawan pupuh, ciptèng driya anderpati, amangsah kaum panjajah, tan kétang kèhing pepati.,suraning driya kabuka, satemah manggih haryanti.

5. Indonesia dadya agung, bebas bebaya binasmi, kuncara sajagad raya, merdika madeg pribadi, pinahargya sasat srana, sasat suminar tiniti.


Senggakan:

Kawi lima (panca) putra priya Dahyang Durna (Aswatama), Pancasila dhasaring praja utama, tindak madya (kendho) kanthining nganten wanita (pengarih Indonesia) murih agung santosa lawan raharjo (yen siang kasantunana, surya nelahi) (Pethikan : Sendhon Langen Swara anggitanipun Bp. Sastrosuharto).

Tidak ada komentar: